Minggu, 23 Oktober 2011

Gatra ke-4 dan 5

6 Gatra ke-4 "Serat Jongko Joyoboyo"
"//Akeh wong ijir,akeh wong cethil.Sing eman-eman ora kaduman,sing kaduman ora aman./Selot-selote besuk ngancik tutupe taun,dewa mbrastha malaning rat,bakal ana dewa angeja wantah,apangawak manungsa./Apasuryan padha Bathara Kresna. Awewatak Baladewa. Agegaman trisula wedha. Jinejer wolak-waliking jaman,wong nyilih mbalekake,wong utang mbayar. Utang nyawa nyaur nyawa,utang wirang nyaur wirang. Akeh wong cinokot lemud mati. Akeh swara aneh tanpa rupa. Bala prewangan, makhluk alus padha baris,padha rebut bebener garis./Tan kasat mata tanpa rupa,sing mandhegani putra Bathara Indra,agegaman trisula wedha. Momongane padha dadi nayakaning prang,perange tanpa bala,sekti mandraguna tanpa aji-aji./Sadurunge teka ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk,tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi. Parak esuk banter,ilange katut Bthara Surya,jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur.Prihatine kawula kelantur-lantur.//



6 Gatra ke-5 "Serat Jongko Joyoboyo"
"//Iku tandhane putra Bathara Indra wus katampa lagi tumeka ing ngarcapada ambiyantu wong Jawa. Dununge ana sikile redi Lawu sisih wetan. Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca,arupa gupon dara tundha tiga. /Kaya manungsa asring angleledha,apeparab Pangeraning Prang,tan pakra anggone anyenyandhang,nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong sapirang-pirang. Sing padha nyembah reca ndhaplang,cina eling, Syeh-syeh pinaringan sabda gidrang-gidrang. /Putra kinasih swarga Sunan Lawu,ya Kyai Brajamusthi,ya Kresna,ya Herumurti,mumpuni sakehing laku,nugel tanah Jawa kaping pindho. /Ngerehake sakabehing para jim,setan, kumara, prewangan. Para lelembut kabawah prentah saeka praya kinen abebantu manungsa Jawa.Padha asenjata trisula wedha,kadherekakeSabdopalon Nayagenggong. /Pendhak Suro nguntapake kumara,kumara kang wus katam nebus dosanira,kaadhepake ngarsane kang Kuwasa. Isih timur kaceluk wong tuwa,pangiride Gathutkaca sayuta. Idune idu geni, sabdane malati, sing bregudul mesthi mati./Ora tuwa ora enom,semono uga bayu wong ora ndayani. Nyuwun apa bae mesthi sembada,garise sabda ora gantalan dina lan setya sabdanira.//"


Gatra ke-3 Serat Jongko Joyoboyo

//Ngakune suci,sucine palsu.Akeh bujuk.Wektu iku dhandhang diunekake kuntul. Wong salah dianggep bener,pengkhianat nikmat,durjana saya sempurna./Wong lugu keblenggu,wong mulya dikunjara,sing curang garang,sing jujur kojur. Wong dagang keplanggrang,wong judi ndadi./Akeh barang kharam,akeh anak-anak kharam. Prawan cilik padha nyidam. Wanita nglanggar priya. Isih bayi padha mbayi. Sing priya padha ngasorake drajate dhewe./Wong golek pangan kaya gabah den interi. Sing klebat kliwat,sing kasep keplessed. Sing gedhe rame tanpa gawe,sing cilik kecelik. Sing anggak kalenggak./Sing wedi padha mati,nanging sing ngawur padha makmur,sing ngati-ati sambate kepati-pati. Cina olang-aling kepenthung dibandhem blendhung, melu Jawa sing padha eling./Sing ora eling padha miling-miling,mloya-mlayu kaya maling,tudang-tuding. Mangro tinggal padha digething. Eling,ayo mulih padha manjing.//

Kamis, 20 Oktober 2011

Gatra ke-2 Serat Jongko Joyoboyo

"//Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan. Akeh wong nyekel bandha uripe sengsara. Sing edan bisa dandan. Sing mbangkang bisa nggalangomah gedhong magrong-magrong. Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil. /Sing ora bisa maling pada digething. Sing pinter duraka padha dadi kanca. Wong bener thenger-thenger,wong salah bungah-bungah. Akeh bandha muspra ora karuwan larine. Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe./Bumi saya suwe saya mungkret. Bumi sekilan dipajegi. Wong wadon nganggo panganggo lanang. Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu,ngumbar angkara murka,nggedhekake duraka./Wong apik ditampik,wong jahat munggah pangkat. Wong agung kesinggung,wong ala dipuja-puja. Wong wadon ilang kawanitane,wong lanang ilang kaprawirane./Akeh jago tanpa bojo. Wanita padha ora setya,laku sedheng bubrah jare gagah. Akeh biyung adol anak,akeh wanita adol awak. Bojo ijol-ijolan jare jempolan./Wong wadon nunggang jaran,wong lanang numpang slendhang pelangi. Randha loro,prawan saaga lima. Akeh wong adol ngelmu. Akeh wong ngaku-aku,njaba putih njerone dhadhu.//"

Rabu, 19 Oktober 2011

Serat Jongko Joyoboyo

Diambil dari "Serat Centhini",ketika Cebolang sedang berada di masjid Laweyan duduk diantara Ki Ngabdul Antyana dan Ki Sali yang saling bergantian membaca "Serat Jongko Joyoboyo" yang terdiri dari 6 gatra.
Gatra I:"Pancen amenangi jaman edan,sing ora edan ora kaduman. Sing waras padha nggragas,sing tani padha ditaleni.Wong dora padha ura-ura.Begjane sing eling lan waspada.Ratu ora netepi janji,musna prabawane lan kuwandane. Akeh omah ing ndhuwur kuda.Wong mangan wong,kayu gilingan wesi padha doyan,rinasa enak kaya roti bolu.Yen bakal nemoni jaman:akeh janji ora ditetepi,wong nrajang sumpahe dewe.Manungsa padha seneng tumindak ngalah tan nindakake ukum Allah.Bareng Jahat diangkat-angkat,bareng suci dibenci.Akeh manungsa ngutamakake reyal,lali sanak lali kadang.Akeh bapa lali anak, anak nladhung biyunge. Sedulur padha cidra,kulawarga padha curiga,kanca dadi mungsuh,manungsa lali asale.Rukun ratu ora adil,akeh pangkat sing jahat jahil. Makarya sing apik manungsa padha isin. Luwih utama ngapusi. Kelakuan padha ganjil-ganjil. Wegah makarya kapengin urip, yen bengi padha ora bisa turu. Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes.

MARKISIN (Mari Kita Sinau)

Mari kita sinau (belajar:javanese) alias mari kita belajar,sebenernya sih yg bener "ajarin saya ngeblog duonk...!!" biar dibilang gaul,biar ga dibilang gaptek getooo....rencananya sih blog ini mau saya isi tentang segala pengetahuan yang sepengetahuan saya aja,sekaligus pengetahuan yang saya tidak ketahui,jadi nyok mari kita sama2 saling mengetahui #eh berbagi pengetahuan maksudnya,untuk itu MARKISIN.......dengan tidak lupa mengucap bismillahirahmanirrahim......