"//Akeh wong ijir,akeh wong cethil.Sing eman-eman ora kaduman,sing kaduman ora aman./Selot-selote besuk ngancik tutupe taun,dewa mbrastha malaning rat,bakal ana dewa angeja wantah,apangawak manungsa./Apasuryan padha Bathara Kresna. Awewatak Baladewa. Agegaman trisula wedha. Jinejer wolak-waliking jaman,wong nyilih mbalekake,wong utang mbayar. Utang nyawa nyaur nyawa,utang wirang nyaur wirang. Akeh wong cinokot lemud mati. Akeh swara aneh tanpa rupa. Bala prewangan, makhluk alus padha baris,padha rebut bebener garis./Tan kasat mata tanpa rupa,sing mandhegani putra Bathara Indra,agegaman trisula wedha. Momongane padha dadi nayakaning prang,perange tanpa bala,sekti mandraguna tanpa aji-aji./Sadurunge teka ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk,tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi. Parak esuk banter,ilange katut Bthara Surya,jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur.Prihatine kawula kelantur-lantur.//
6 Gatra ke-5 "Serat Jongko Joyoboyo"
"//Iku tandhane putra Bathara Indra wus katampa lagi tumeka ing ngarcapada ambiyantu wong Jawa. Dununge ana sikile redi Lawu sisih wetan. Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca,arupa gupon dara tundha tiga. /Kaya manungsa asring angleledha,apeparab Pangeraning Prang,tan pakra anggone anyenyandhang,nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong sapirang-pirang. Sing padha nyembah reca ndhaplang,cina eling, Syeh-syeh pinaringan sabda gidrang-gidrang. /Putra kinasih swarga Sunan Lawu,ya Kyai Brajamusthi,ya Kresna,ya Herumurti,mumpuni sakehing laku,nugel tanah Jawa kaping pindho. /Ngerehake sakabehing para jim,setan, kumara, prewangan. Para lelembut kabawah prentah saeka praya kinen abebantu manungsa Jawa.Padha asenjata trisula wedha,kadherekakeSabdopalon Nayagenggong. /Pendhak Suro nguntapake kumara,kumara kang wus katam nebus dosanira,kaadhepake ngarsane kang Kuwasa. Isih timur kaceluk wong tuwa,pangiride Gathutkaca sayuta. Idune idu geni, sabdane malati, sing bregudul mesthi mati./Ora tuwa ora enom,semono uga bayu wong ora ndayani. Nyuwun apa bae mesthi sembada,garise sabda ora gantalan dina lan setya sabdanira.//"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar