Kamis, 20 Oktober 2011

Gatra ke-2 Serat Jongko Joyoboyo

"//Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan. Akeh wong nyekel bandha uripe sengsara. Sing edan bisa dandan. Sing mbangkang bisa nggalangomah gedhong magrong-magrong. Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil. /Sing ora bisa maling pada digething. Sing pinter duraka padha dadi kanca. Wong bener thenger-thenger,wong salah bungah-bungah. Akeh bandha muspra ora karuwan larine. Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe./Bumi saya suwe saya mungkret. Bumi sekilan dipajegi. Wong wadon nganggo panganggo lanang. Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu,ngumbar angkara murka,nggedhekake duraka./Wong apik ditampik,wong jahat munggah pangkat. Wong agung kesinggung,wong ala dipuja-puja. Wong wadon ilang kawanitane,wong lanang ilang kaprawirane./Akeh jago tanpa bojo. Wanita padha ora setya,laku sedheng bubrah jare gagah. Akeh biyung adol anak,akeh wanita adol awak. Bojo ijol-ijolan jare jempolan./Wong wadon nunggang jaran,wong lanang numpang slendhang pelangi. Randha loro,prawan saaga lima. Akeh wong adol ngelmu. Akeh wong ngaku-aku,njaba putih njerone dhadhu.//"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar