Gatra I:"Pancen amenangi jaman edan,sing ora edan ora kaduman. Sing waras padha nggragas,sing tani padha ditaleni.Wong dora padha ura-ura.Begjane sing eling lan waspada.Ratu ora netepi janji,musna prabawane lan kuwandane. Akeh omah ing ndhuwur kuda.Wong mangan wong,kayu gilingan wesi padha doyan,rinasa enak kaya roti bolu.Yen bakal nemoni jaman:akeh janji ora ditetepi,wong nrajang sumpahe dewe.Manungsa padha seneng tumindak ngalah tan nindakake ukum Allah.Bareng Jahat diangkat-angkat,bareng suci dibenci.Akeh manungsa ngutamakake reyal,lali sanak lali kadang.Akeh bapa lali anak, anak nladhung biyunge. Sedulur padha cidra,kulawarga padha curiga,kanca dadi mungsuh,manungsa lali asale.Rukun ratu ora adil,akeh pangkat sing jahat jahil. Makarya sing apik manungsa padha isin. Luwih utama ngapusi. Kelakuan padha ganjil-ganjil. Wegah makarya kapengin urip, yen bengi padha ora bisa turu. Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar